Kupinge Mukidi Kelebon Kacang Ijo

Mukidi : "Sugeng siang P. dokter."...
dokter : "Wonten nopo pak?"...
Mukidi : "Ngeten dok, niki wau kuping tengen kula kelebon kacang ijo."...
dokter : "Ooo ngaten. Monggo sarean miring ngiwo."

...sawise sauntoro wektu...

dokter : "Niki perlu dioperasi. Namung operasi alit."...
Mukidi : "Lajeng ongkose kinten2 pinten dok?"...
dokter : "Sekitar kaleh yuta."...
Mukidi : "Wadhuh kok larang sanget. mBoten saged kirang? Sukur2 yen gratis."...
dokter : "Anggere sabar nggih saged mirah. Malah gratis."...
Mukidi : "Lha pripun carane?"...
dokter : "mBen enjing lan sonten njenengan sirami. Mengke nek pun dados kecambah, njenengan dudut ..
😁😁😡