Falsafah KOPI / NGOPI (Ngolah Pikiran)

Menungso kuwi sejatine kurang siji....yoiku: NGOPI  iku tegese (Ngolah Pikiran),

mulo kopi iku rasane Pait.

Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe
LEGI ( Legowo ning ati ) / berlapang dada hatinya

Carane kudu ditambahi GULO  (Gulangane Roso)/ Mengelola perasaan baik

Sing asale soko
TEBU (anteb ning kalbu) / mantab hatinya

Banjur diwadahi
CANGKIR  (Nyancangne piKIR). Menguatkan pikiran

Trus di siram
WEDANG (wejangan sing marahi padang) / Nasehat yg menentramkan hati

ojo lali di UDHEG 
(Usahane ojo nganti  mandeg )/Usaha jangan sampai berhenti

Anggone  ngudheg nganggo SENDOK" ( Sendhekno marang sing nduwe kautaman)/ Pasrahkan pada Yang Maha Kuasa

Dienteni ben rodo
ADEM ( Ati digowo lerem ) / Hati jadi tenang

Bar kui diombe
SERUPUT  (Sedoyo Rubedo bakal luput) / Semua godaan akan terhindar

Meniko falsafahipun KOPI
Ayo ngopiii....☕