Puisi Bikin Ngakak

Wajik kletik
gulane jowo,
wulune sitik
barange dowo
                          
             (sikat botol)

Dientup tawon 
kemeng rasane
dibukak mawon
ben ketok apem-e.
                       ( bancakan )

Ana semut 
neng  nduwure uyah
lambene ngemut
tangane  nggrayah.
              ( wong nyuling )

Weruh wong gemblung
marai mules
nduwur diambung
kok ngisore teles.
             ( nggendong bayi ngompol )

Neng sawah 
nebang tebu
nek ora mlumah
ora isa mlebu
             ( nganggo sandal )

Trek gandeng
amote tebu
nek ora dijembreng
ora mlebu mlebu.
             ( nganggo kaos kaki )

Sega gurih
lawuhe sate usus
pertamane perih
maringono bludas bludus.
              ( tindikan kuping )

Pring gading
cagak radio
karo njengking
ben tambah jero.
                               ( macul )

Pitik walik
nguntal watu,
wis nganggo gaya molak-malik
kok ora metu-metu
              ( nguthik uthik celengan )

Pring gading
nggo sunduk tahu
posisi  njengking
ben cepet metu.
              ( nggusah tikus ning ngisor amben )

Becik ketitik
olo rupamu,
digoyang sitik
ben cepet metu
              ( ngocok arisan )

Kue putu
diwadahi piring,
nek ra metu metu
jajal karo miring
              ( kuping kelebon banyu )

Awak kurus
dikiro mlarat,
dikocok terus
suwe suwe muncrat.
              ( coca-cola )

Ono marmut
lungguh nang dingklik,
rampung dimut
kok dadi cilik
                      ( permen )